Hallo Semua Warga Masyarakat Magetan, Sugeng Rawuh wonten ing Magetan.Org sarono kangge ngucalaken sedoyo unek-unek ingkang wonten ingĀ ati panjenengan sami amargi motonipun “Suarane Wong Magetan“.
Panjenengan Warga Magetan saget nulis soal nopo kemawon ingkang wonten hubungannipun kalih magetan wonten ing Magetan.Org, kangge sak untoro tulisan saget njenengan kirimaken dateng admin@magetan.org tulisan kedah asli karya njenengan lan dereng pernah dipun publikasi aken. Tulisan saget dipun tambahi gambar. Sak lajengipun tulisan mangke dipun teliti deneng Magetan.Org yen tulisan puniko sae lan mbangun, tulisan puniko bakal dipun publikasi aken wonten ing Magetan.Org sesuai kalian kategorinipun.
Soal gambar, ke ngeng punopo logo wonten ing nginggel puniko kok wonten gambaripun telogo sarangan, niku mboten wonten hubunganipun kaleh “pilih kaseh” amargi dipun damel gambar sarangan punika jalaran Magetan.Org dereng gadah gambar lintunipun. Umpami njenengan gadah gambar ingkang ngambaraken Kab. Magetan tercinta ini, njenengan saget ngirimaken gambar puniko teng admin@magetan.org. Mangke gambaripun lajeng dipun edit lan dipun pasang wonteng nginggel situs niki, nanging kedah dipun mangertosi bilih gambar ingkang mlebet dateng kategori terpilih mangke gambar ingkang asli, asil jepretan panjenengan piyambak lan mboten mlebet gambar ingkang terlindungi Copyright alias Hak Cipta. Sak Mangke sampun Magetan.Org rencana aken bilih gambar ing nginggil sakmangke ajeng dipun random alias dipun acak, dados saben situs puniko dipun refresh utawi gantos halaman, mongko gambar ing nginggel saget gonta-ganti.
Maaf tulisan diatas agak amburadul soalnya Magetan.Org juga belum fasih bahasa kromo lang kromo inggil, namanya saja bahasa jawa kromo dan inggil, itu pasti bahasa yang tinggi dan sulit dipahami oleh orang biasa walaupun yang bicara orang biasa, kenapa saya menggunakan bahasa jawa itu bukan apa-apa hanya sebagai variasi dan penghormatan pada budaya kita, agar tidak punah dan tertinggal. Magetan.Org sendiri sebenarnya orang desa yang sehari-hari memakai bahasa jowo. Laa wong panganane ae isik lentho kok omongane “kamu, saya, mau kemana ….” seng bener nek panganane lentho kuwi yo ngomonge “kowe, aku, arep nyang ndi ….” ha ha ha ……, Bercanda Dulur !
Semanten, kapan-kapan dipun terusne maleh. NUWUN !
